Kamis, 18 Desember 2014

Hei nak opo kabarmu yo? Mugo2 sih apik. Koe ngerti rak mambengi aku ngimpi koe teko ning omahku loh. Tandane koe kangen aku po ya? Hahahaha piss. Koe kan wes due bojo :)
Tapi misale koe ki kangen aku tenan njuk nglegakke moro ning omahku, njuk dewe ki iso podo2 kakean cangkem koyo biyen kae, aku mesti bakal cerito akeh hal mbe koe ndes....
Kit koe ki adoh seko aku terus raono kabar, akeh sik tak lalui ki. Aneh ndes sumpah rasane ki sokan. Tapi aku sih biyen2 ratau nggagas , eehh soyo mrene soyo aku ngrasakke bedane ki malahan. Ono sik cangkeman, ono sik mbegik wae, ono sik mung tak nggo coba2, ono sik ayu tapi angel atine nggo tak ngerteni. Opo aku sik goblok ya ndes? Kayane aku ki ra pekok2 banget ndak haha
Walaupun koyo ngono tapi dibalik kabeh iku ono hal2 sik menarik nggo tak rasakke. Koyo koe sek biyen ki sok sambat soal bebanmu, kebeh gendok2 sik tak lajahi ki yo podo to jebule. Macem2 hal sek dadi permasalahane iku. Dan hal iku juga sik marakke aku njuk gelem rodok sareh, teko njajal nglakoni hubungan mergo roso simpati mbe empatiku.
Biyen koe nak nyeluk aku "Nta" ngono yo wkwkwk aku dadi sok kangen diceluk ngono. Ngerti rak mergane? Yoiku aku ki lagi pisan kae ngrasakke bener2 duwe arti nggo seseorang, yah walupun gak selawase tapi iso nggo pelajaran urip :).
Jebule orak kabeh cewek iso koyo koe, dan aku sadar pancen koyo ngono tapi tak kiro walaupun orak iso koyo koe persis seenggaknya iso nerimo aku opo anane lah. Gelem seneng lan susah mbe aku. Ning embuh lah ndes aku ramudeng ngopo sangger aku usaha nggo tetep mikir positif tentang mereka tapi kok mereka malah sik rangerti genahe, semena2 mbe aku. Opo mergo aku sik angel dingerteni opo sebalike ya?.
Masa2 mbe koe ki walah jan nek nggo aku koyo sinetron ftv, romantis tapi durasine mung pol2e 2 jam haha. Nak kelingan pas pertama ketemu kae koe ki koyo adoh luweh dewasa timbang aku tapi seiring berjalannya waktu aku iso ngimbangi eg walaupun umure koe setahun luweh tuwo timbang aku :p , tapi tetep to koe ki klepek2 mbe aku :p haha.
Masa2 awal pacaran ki biasa koyo lumrahe kabeh hubungan tetep adem tentrem, gemah ripah loh jinawi ya ndes :). Terus mulai suwe mulai ono bumbu2 masalah, mbuh mergo aku sik cemburu opo koe sek cemburu. Nek gak salah desember dewe mulai rodok kenceng emosine ya masing2 setelah 4 sasi lancar2 wae. Goro2 cocotku koe njuk ngejak pending sik, sampe suatu ketika pas koe nonton final piala AFF ning alun2 mbe lanangan njuk aku marani kae, terus aku mencak2 mergo iku terus koe mulai luluh neh... Dadi biasa neh, mulai kui juga koe njuk kerep dolan ning aku , mulai kenal mbe makne aku, adine aku, mbahne aku :). Pas kui aku ngroso soyo cerak mbe bahagiane aku, mbe opo sek selama kui tak arep2ke. Aku ngeroso duwe arah urip. Dibalik kehidupan keluargane aku sik iso dikatakan rumit tapi koe iso ngerteni aku.
Awit tangi turu tekan meh mapan turu saling kirim sms sik isine nyenengke tenan nak dieling2 saiki. Aku menghargai tenan masa2 iku ndes :) sumpah.
Koe sek sok nyelehke sirahmu ning pundakku nek pas lagi cerito tentang bebane koe, sampek pas koe nangis ning pundakku njaluk ngapuro ning aku pas biyen ono masalah sik marakke aku mencak2 kae. Halah yung marakke terharu ndes!! Tapi pie neh masa2 kui wes berlalu. Nyesel aku biyen durung iso gawe koe bener2 bahagia mbe aku. Maaf yaa....
Ndes... Seaindainya dewe tekan saiki iseh menjalin hubungan baik walupun koe ki wes duwe bojo mungkin koe bakal ono ning jejere aku saiki. Saiki aku gek sedih ndes, makne aku meh operasi. Jal dipikir kabeh uwong nek waras mesti bakal ngroso sedih to nak ngadepi kahanan koyo ngene. Walaupun ono sedulur2ku sik ngancani tapi tetep wae rasane ki bedo nak ono seseorang sik spesial sik ono nggo dewe pas masa2 kenean iki.
Apapun iku sik tak rasakke tapi saiki aku kudu tetep maju, aku duwe urip sik dowo. Tapi sik dadi masalah ki sok ono wae sik dadi alangan. Aku iso kuat tp aku kadang yo butuh tempat nggo berkeluh kesah ning do micek!!! Kabeh sik sok do ngomong bakal gelem ngrungokke aku tp raono kenyataane. Do pengen dirungokke tapi gak gelem ngrungokke aku cerito. Cocot2 bergelora arrrggghhh
Kit adoh mbe koe aku njajal nggo bukak ati nggo wong liyo, aku iso tapi gak mudeng nggo nglakonine. Mulai seko wiena, walah edyan aku tombak kaeh tenan iso2 nek tak teruske. Deknen ki pengene urip penak lah sedangkan aku uripe urung iso tak ubah kok, iseh susah.
Terus akeh neh, sampe akhire aku ngepasi cewek sik meh koyo koe perhatiane, cangkeme barang mung manise sik bedo. Deknen sampe tak gawekke tulisan ning posting2 sedurunge iki. Sayange deknen kik terlalu high class dalan pikirane ki. Walah asu tenan emosine aku diudek2 rakaruan. Wingi pas kolo2 aku bukak fb setelah sekian waktu ora tak bukak nemu foto anniversary sik pertama. Padahal setahun lalu statuse mbe aku iseh pacaran ndes. Lah terus 3 bulan kemudian kita bubar mergo aku sik wes rabetah ngedem jangkel mergo deknen ki ratau kebeneran. Tak unekke sikak wae haha lah pie pancen nyebahi ndak. Jidorkan saja nak serik. Mergo iku juga cewek kui ora tak sejajarke mbe koe neh. Padahal biyen aku mikire deknen ki gantine koe ehhh jebule imitasi doang ckckck.
Mugo2 uripmu bahagia ya ndes... Saiki koe lak wes 22 tahun to, tambah sabar momong anak mbe bojomu :)